Kamis, 30 Juli 2009

Omah Tanpa Latar

Umume ing padesan, omah padha duwe latar. Ana sing jembar, ana sing ciut. Ana sing direngga nganggo kembang-kembangan lan ana sing ditanduri wit woh-wohan. Nanging, sing paling jembar ing latar yaiku lemah sing tanpa tanduran.

Latar penting kanggo mawarna-warna keperluan. Upama sing duwe omah gaweyane tani, latar isa kanggo mepe gabah. Sing tani mbako, latare isa kanggo mepe dlebog pisang. Liyane isa manpangatake latar kanggo mepe kumbahan. Keperluan liyane, umpama sing duwe omah duwe gawe, latar isa kanggo panggonan ngedegake tendha.

image

Jaman biyen nalika lemah isih jembar, rata-rata omah duwe latar. Nanging, sakiki omah sing duwe latar wis saya sithik. Sing duwe latar ya saya ciut latare. Jan-jane lemah ki ora tambah ciut. Jembare lemah isih padha karo jaman biyen. Sing gawe lemah krasa saya ciut kuwi amarga manungsa saya akeh cacahe. Umpama telung puluh tahun kepungkur cacahe wong sing urip ing Jawa pitung puluh yuta, sakiki wis isa sangang puluh yuta. Manungsane tambah ning lemah ora tambah. Sing maune sak hektar kanggo wong siji wis dibagi-bagi dadi pirang-pirang. Ana sing dibagi kanggo anak turun. Ana sing didol marang liyan sing butuh lemah. Kahanan kaya mangkono ndadekake omah saya padhet lan latar padha ilang. Sing duwe latar mung kari wong-wong kang duwe lemah isih jembar.

Aku dhewe ngrasakake duwe omah sing latare mung ciut. Omahe ya ora gedhe. Mula, nalika butuh tambahan kuncung, latar sing mung secuwil ya kudu diikhlaske digawe kuncung.

Latar jembar akeh manpangate tumrape sing duwe omah. Wis tak tulis ing dhuwur apa-apa manpangate. Sakliyane sing wis kasebut, latar uga isa kanggo ngobahke awak. Aku isih kelingan nalika isih cilik biyen aku mesthi nyapu latar bakda shubuh. Jembare latar sing kudu disapu isa gawe awakku kemringet. Nanging, aku ora tahu sambat kesel awit nyapu latar kuwi wis dadi kuwajibanku saben esuk. Ora mung aku dhewe. Tangga teparo ya saben esuk mesthi nyaponi latare. Yen nyapu latar, aku mesthi bareng karo swargine Pak Dhe Noto. Latare Pak Dhe Noto luwih jembar saka latare swargine Bapak. Mula, aku ya kerep ngrewangi Pak Dhe Noto ngrampungke le nyapu latare. Ora mung latar sing disapu, lurung ngarep latar ya dak sapu.

Anane latar isa kanggo dhasar tangi esuk. Bar shubuhan, sapu kudu enggal dicekel lan gage srag-sreg dienggo nyapu. Rasane ora pepak umpama wayahe srengene wis dhuwur nanging latar durung ana tlapake sapu. Sing duwe omah isa isin geneya padha kerinan anggone tangi turu. Tangga teparo isa duwe pikiran menawa sing duwe omah keset utawa agi duwe alangan. Mbuh ana sing lara utawa agi padha lelungan.

Jujur wae nganti sakiki aku isih kepengin duwe omah sing latare jembar. Ora mung latar, mburi omah ya ana kebone. Ora kaya omah sing dakenggoni sakiki, lemahe ciut saengga ora duwe kebon. Apa maneh kebon, latar wae ya ora duwe! Muga-muga Pengeran ngabulke pepenginanku kuwi, duwe omah sing latar lan kebone jembar supaya aku isa tangi esuk terus. Amin.

Gambar omah njilih saka kene.

Rabu, 29 Juli 2009

Blog Basa Jawa

image

Wiwit dina iki, blog iki sing alamate ing www.kombor.net arep dak isi kiriman nganggo Basa Jawa. Timbang kakehan blog sing isine padha lan ngebak-ngebaki donya blog, muga-muga bisa kanggo nglestarekake Basa Jawa.

Aku nate ngeblog nganggo Basa Jawa neng kene. Nanging wayah iki aku kok krasa manteb yen blog iki sing kudu dak ingu lan tak basa jawani.

Wis kawit wingi niyat mbasa jawakake blog iki mletik ing atiku. Nanging agi sakiki aku isa njabani.

Muga-muga para kadang narablog ora padha kaget. Kudune, para kadang lan sanak sing cecaturan nganggo Basa Jawa malah padha bungah menangi babagan iki, ngeblog nganggo Basa Jawa.

Dak akoni menawa dudu aku dhewe sing ngeblog nganggo Basa Jawa. Kanca-kanca saka Ponorogo uga nulis nganggo Basa Jawa warokan ing www.kotareyog.com.

Ayo padha nguri-uri kabudhayan Jawi. Basa Jawa iku salah sijine budhaya kang kudu dilestarekake.