Jumat, 10 Desember 2010

Onjel

Onjel iku jeneng kancaku SMP. Jeneng asline Yulianto. Omahe ana ing Banjarharjo, Pondokrejo, Tempel, Sleman, cerak karo omahe kancaku sak kelas liyane, yaiku Nasip Mulyanto. Onjel iku bocahe ireng, polahe lucu ngguyokake, atine apik. Seneng kekancan karo bocahe.

Jaman SMP biyen aku kerep dolan neng omahe Onjel. Biyasane bareng karo Nasip merga omahe Onjel karo Nasip sing cedhak. Sok-sok, Triono sing beda kelas nanging omahe cedhak karo omahku ya melu dolan awit neng sekitar Pondokreja ya akeh kanca sak kelase Triyono. Aku seneng dolan neng omahe Onjel sebab wong tuwane Onjel ya nyenengake. Kanca-kancane Onjel sing dha dolan ditrima kanthi apik kaya anak-anake dhewe.

Aku isih kelingan jaman semana pit-pitan karo Nasip lan Onjel tekan Ancol Bligo. Mbuh Triono melu apa ora aku ora kelingan.

Ancol Bligo iku panggonan pedolanan ing pinggir Kali Progo ing tlatah Bligo, Ngluwar, Magelang. Ing kana akeh nom-noman lanang wedok dha dolan. Ana sing delok kali saka ndhuwur, ana sing medhun neng kali, ana sing dha pacaran. Aku dolan tekan Bligo pisanan ya bareng Onjel karo Nasip. Aku jan durung ngerti panggonan iku merga aku pancen ora nate dolan adoh. Jaman SMP biyen, aku kudu neng omah menawa almarhum Bapak kondur saka ngasta. Mula aku ora bisa dolan adoh-adoh.