Jumat, 10 Desember 2010

Onjel

Onjel iku jeneng kancaku SMP. Jeneng asline Yulianto. Omahe ana ing Banjarharjo, Pondokrejo, Tempel, Sleman, cerak karo omahe kancaku sak kelas liyane, yaiku Nasip Mulyanto. Onjel iku bocahe ireng, polahe lucu ngguyokake, atine apik. Seneng kekancan karo bocahe.

Jaman SMP biyen aku kerep dolan neng omahe Onjel. Biyasane bareng karo Nasip merga omahe Onjel karo Nasip sing cedhak. Sok-sok, Triono sing beda kelas nanging omahe cedhak karo omahku ya melu dolan awit neng sekitar Pondokreja ya akeh kanca sak kelase Triyono. Aku seneng dolan neng omahe Onjel sebab wong tuwane Onjel ya nyenengake. Kanca-kancane Onjel sing dha dolan ditrima kanthi apik kaya anak-anake dhewe.

Aku isih kelingan jaman semana pit-pitan karo Nasip lan Onjel tekan Ancol Bligo. Mbuh Triono melu apa ora aku ora kelingan.

Ancol Bligo iku panggonan pedolanan ing pinggir Kali Progo ing tlatah Bligo, Ngluwar, Magelang. Ing kana akeh nom-noman lanang wedok dha dolan. Ana sing delok kali saka ndhuwur, ana sing medhun neng kali, ana sing dha pacaran. Aku dolan tekan Bligo pisanan ya bareng Onjel karo Nasip. Aku jan durung ngerti panggonan iku merga aku pancen ora nate dolan adoh. Jaman SMP biyen, aku kudu neng omah menawa almarhum Bapak kondur saka ngasta. Mula aku ora bisa dolan adoh-adoh.

Aku isih kelingan pite Onjel sing doble track. Embuh nulise bener pa ora. Krunguku kuwi “doltrek”. Pit sing kawilane maju karo mundur ngubengke ban kabeh. Umpama dikawil maju, pit mlaku maju. Umpama dikawil mundur, ban mburi mlaku mundur. Neng Ancol aku nate kejlungup merga durung pati isa numpaki pite Onjel. Tujokna aku ora kejlungup nyemplung Selokan Mataram sing perenge dhuwur tenan. Umpama kejlungup neng pereng mbokmanawa kulitku wus ajur diparut tembok pereng terus aku keli pa kleleb neng Selokan Mataram merga aku ora bisa nglangi.

image

Dina iki aku bungah banget. Ing facebook ana sing ngajak kekancan. Jenenge Yulianto Saja Yulianto. Aku ora dhong menawa iku Onjel. Umpama ana sing ngundhang kekancan aku langsung tampa ngono wae. Eh, jebule kuwi Onjel. Dheweke nulis nang “tembok” facebook-ku nakokake posisiku sakiki nang endi sisan kandha nek sakiki dheweke nang Aceh.

Modyar! San dakmatke fotone, kuwi Onjel! Jambu tenan. Wus ket lulus SMA tahun 1993 aku ora ketemu karo Onjel. Lulus saka STM II Yogyakarta Onjel budhal kerja nang Pontianak. Ya kawit kuwi aku ora ketemu Onjel. Nganti sakiki. Jaman kuliah biyen aku nate dolan nang Banjarharho nakokake alamate Onjel nanging ora ana sing duwe alamate Onjel. Eee… hladalah, dina iki aku ketemu Onjel saka facebook. Aku ya wis telpun-telpunan karo Onjel.

Onjel sakiki makarya ing industri batubara. Nyekel community development. Jare Onjel, ing batubara iki agi limang tahun. Sing suwe ya neng pekayon. Mantep tenan. Aku seneng krungu kabar apik saka kanca sing kaya ngono.

Onjel klebu kanca sing gasik anggone bebrayan. Jaman aku isih kuliah, aku krungu menawa Onjel wis dadi nganten. Entuk wong Pontianak. Mbuh apa sing biyen neng kelas telu fotone wis nate diweruhke awakku. Kenya ayu sing kulite putih sing jarene Onjel isih prenah anake bulike. Mbuh sing iku pa dudu aku ora dhong. Nanging, Onjel wus duwe anak lima. Sing ragil kembar. Ana foto-fotone neng facebook.

Mantep tenan awakmu, Njel. Isih kelingan nomere cah 44 kancane awake dhewe sakkelas biyen. Ning sing paling diapalke mesthi nomer 19 karo nomer 41. Hahaha…

Oke, Njel, sesuk disambung maneh le ngobrol nang tilpun. Umpama transit nang Jakarta kabarana aku supaya awake dhewe bisa ketemu arepa mung sejam – rong jam. Aku pengin ngerti apa awakmu nek ngguyu isih mecucu-mecucu. Hahaha…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar