Senin, 29 November 2010

Aja Udud Akeh-Akeh

Aku lali crita iki kedadeyan jaman aku kelas telu SMP utawa kelas siji SMA. Ketoke sing paling nyeraki kahanane kuwi pas aku wis kelas siji SMA awit aku wus duwe dhuwit dhewe pas kelas siji SMA.

Kawit SD kelas lima aku wis ajar udud. Udude dhelik-dhelikan. Umpama ora duwe dhuwit kanggo tuku salencer udud, aku saba kebon golek wit uwi sing wis garing kanggo ganti udud. Jaman kelas telu SMP umpama dolan pit-pitan karo para kanca mesthi sangu udud. Udude dituku urunan. Mula, jaman mlebu SMA, aku rumangsa udud ya ora papa wong aku tuku udud ora nganggo dhuwit saka wong tuwa.

jangan merokok banyak-banyak

Pas prehi sekolah aku bali nang ngomah. SMAku salah sawijine sekolah asrama dadi aku bisa bali ana ing wayah prehi. Nah, pas prehi kuwi aku udud nang ngomah. Bapak (almarhum) sing ora nate ses menangi aku gek klempas-klempus udud nang ngomah.

Bapak: Hlo, kowe ki udud to, Le?

Kombor: Nggih, Pak.

Bapak: Wis suwe lehmu udud kuwi?

Kombor: Pun dangu, Pak.

Bapak: Kawit kapan?

Kombor: Pun kawit alit, Pak, sakjane.

Bapak: Wis kawit cilik?

Kombor: Nggih, Pak.

Bapak: Kok aku nembe weruh Kowe udud sakiki?

Kombor: Kula ndhelik-ndhelik, Pak, menawi udud.

Bapak: Oooo… ngono ta. Terus isa dilereni ora kabiyasanmu udud kuwi?

Kombor: Nyuwun pangapunten mboten saged, Pak.

Bapak: Ora isa? Ngapa ora isa?

Kombor: Pun awrat niki, Pak. Kula udud pun dangu.

Bapak: Ora bisa tenan?

Kombor: Nyuwun pangapunten mboten saged, Pak.

Bapak: Jan-jane udud ki ora apik, Le.

Kombor: Nggih, Pak. Sakestune nggih ngoten niku.

Bapak: Gene ngerti nek udud ki ora apik? Mbok dilereni.

Kombor: Nyuwun pangapunten, Pak. Mboten saged.

Bapak: Tujokna Kowe tuku udud ora njaluk dhuwit aku, Le.

Kombor: Nggih, Pak.

Bapak: Nek njaluk aku ora bakal dakwenehi.

Kombor: Nggih, Pak, kula ngertos.

Bapak: Ning umpama ora bisa leren ya le udud aja akeh-akeh, Le.

Kombor: Nggih, Pak. Kula sale udud setunggal-setunggal kok. Menawi kathah-kathah mboten saged.

Bapak: Piye???????

Hehehe… mengkono critaku jaman isih nakal biyen. Aja padha ditiru. Udud iku ora apik tumrap kesehatan. Ning aku ana benere. Coba deloken gambar ing dhuwur kahe. Apa bisa uwong udud akeh-akeh?

Kagem Bapak, nyuwun pangapunten nggih, Pak.

1 komentar:

  1. wuah jan blog njenengan niki pancen mantep tenan mas, kulo nembe sepindah niki sumerep blog boso jawi, mugi mugi tansah o dados penyemangat kangge nguri-uri kabudayan..

    pesen ten wadah rokok, "Merokok dapat menyebabkan...", niku lak merokok dapat, benten malih, lha kulo "Merokok beli" je..

    BalasHapus