Kamis, 04 November 2010

Ratna Meteng

Suzuki RC100

Kedaden iki wis suwe banget. Jaman aku isih kelas siji SMA, udakara tahun 1990. Wektu iku aku karo kancaku SMP kang jenenge Triono agi lungguhan nang prapatan Medari neng sandhinge warung sayuran Bu Atemo. Jaman semana prapatan Medari ing pinggir dalam Yogya – Magelang ora kaya sakiki. Biyen isih ana warung sayuran Bu Atemo ing sisih kulon prapatan sing panggonane ing pinggir rel sepur neng ngisor cagak listrik. Papan pesthine antarane Kantor Pos dan Giro Medari karo dalan Yogya – Magelang.

Aku lan Triono lungguhan nang ngarepe kios duweke bapake Suroto. Mulih sekolah ngobrol ngalor ngidul ora karuhan. Apa wae diobrolke nganti tekan babagan Ratna meteng. Ratna sing dimaksud kuwi Ratna Klumprit. Daksebut wae Ratna Klumprit awit kenya ayu saka kelas IIIB iku pancen omahe Klumprit. Ing obrolan ngisor iki, Kombor ditengeri [?] lan Triono ditengeri [&].

[?] Tri, Kowe wis ngerti durung nek Ratna meteng.

[&] Ratna sapa?

[?] Ratna Klumprit.

[&] Ratna Klumprit meteng?

[?] Ho’oh. Ratna Klumprit meteng. Aku jare bocah-bocah.

Dumadakan Triono ngandhani aku lirih

[&] Ssst… ana ibune

[?] Hah? Ibune? Endi?

[&] Kuwi gek blanja nggon Bu Atema. Sing paling pinggir cerak awakmu.

[?] (Ing jero ati) Blaik tenan ki Triono. Enek ibune Ratna kok ora kandha kawit mau. – Aku ora percaya menawa iku ibune Ratna.

[?] Ngerti saka ngendi nek kuwi ibune Ratna?

[&] Pit montore. RC abang kuwi. Aku apal nomer polisine.

Edan ki… pikirku. Hlah kuwi ibune Ratna tenan. Barang dakmatke, aku lamat-lamat kelingan praupane ibune Ratna awit kerep mboncengke Ratna menyang utawa mulih sekolah. Nanging kabeh wis kebacut. Aku ora bisa menggok maneh. Mula aku malah nyerokake swaraku.

[?] Nganu Tri… Soal Ratna meteng kuwi mau aku ya mung krungu saka bocah-bocah. Benere meteng tenan apa ora aku ya ora ngerti. Aku dhewe ya jan jane ora percaya…

[&] @#$$%^^&&**….

Blaik tenan Kowe, Tri. Mbok sakdurunge ngomongke Ratna meteng ki lingak-linguk kiwa tengenmu dhisik. Aja kaya jaman biyen kae. Ngomongke Ratna meteng jebul neng sisihku ana ibune Ratna. Modyar aku, Tri!

Hahaha… Aku lan Triono isih sok ngguyu kemekelen nganti sakiki umpama kelingan obrolan ora nggenah bab Ratna meteng kae. Cah dha edan…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar