Jumat, 24 September 2010

Ontran-Ontran Pajeksan Agung

Ontran-ontran Pajeksan Agung mesthine wus bisa dilereni sakuwise Mahkamah Konstitusi mutuske perkara kang diajokake dening Profesor Yusril Ihza Mahendra. Ing dina Rebo 22-9-2010, Mahkamah Konstitusi ngabulake separon gugatane Profesor Yusril menangi dawane palungguhan Jaksa Agung. Mahkamah Konstitusi mutuske menawa palungguhan Jaksa Agung rampung bareng karo lerene Presiden ing mangsa pamarentahane bareng karo anggota kabinet liyane ing mangsa kang kasebut utawa palungguhan Jaksa Agung rampung umpama dilerenake dening Presiden ing mangsa kang kasebut.


Jan jane apa kang diputusake dening Mahkamah Konstitusi iku wus cetha. Kabeh mesthine bisa langsung dhong. Nanging embuh piye dalan pikirane Menteri Sekretaris Negara lan Staf Khusus Presiden Bidang Hukum kang gawe tafsir dhewe tumrap keputusan Mahkamah Konstitusi. Ana maneh Ahli Tatanegara saka Paguruan Dhuwur Indonesia Esa Unggul sing jenenge Irman kang ngandhakake menawa keputusane Mahkamah Konstitusi ora cetha. Oalah... Kok ya padha ora bisa maca ukara ing Basa Indonesia kanthi apik. Geneya isa dadi ahli babagan tata nagara ning kok ora bisa maca ukara basane dhewe ki banjur kepriye?

Iki conto Pamarentah ora ndalan karo keputusan hukum. Keputusan Mahkamah Konstitusi iku sifate paripurna. Ora ana maneh banding utawa kasasi. Dadi, kabeh keputusan Mahkamah Konstitusi iku mung bisa dilakokake. Pamarentah kudu melu apa kang dadi keputusan Mahkamah Konstitusi. Aja malah weneh tuladha tumrap bangsa ing babagan ora ndalam tumrap keputusan hukum. Negara iki bisa ajur mumur menawa hukum ora dikurmati maneh. Sing dadi tuladha elek malah Pamarentah. Oalah...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar