Kamis, 29 April 2010

Kurang 3,87 Dolar

kurang-3,87 dolar
Sakliyane kanggo golek warta, kaweruhan utawa ngeblog, aku uga wis rada suwe melu manpangatake internet kanggo golek dhuwit. Sarana kanggo golek dhuwit saka internet sing dakeloni pisanan yaiku Google Adsense.
Sakdurunge donya nemoni krisis ekonomi sakjagad tahun 2008, saben rong sasi aku isa nampa cek saka Google Adsense. Nanging, sakuwise ana krisis ekonomi, pametu saka Google Adsense mudhun nganti tekan ing dhasaran. Aja maneh bayaran saben rong sasi, golek sesasi 20 dolar wae aku angel. Yen daketung-etung, nganti 6 sasi aku nembe entuk bayaran saka Google Adsense sing dikirim liwat Western Union. Bayaran sing keri dhewe iku daktukokake omah-omahan anak-anakan (boneka) barbie sebab dhenok kepingin omah-omahan barbie kaya duweke kancane. Bayaran keri dhewe iku daktampa wulan siji. Sakiki wulan kaping papat lan aku durung nampa bayar maneh.

Senin, 26 April 2010

Ora Kudu Bali Sleman Kanggo Ngicipi Wedang Ronde

Kanggone wong asli Sleman kaya aku, wedang ronde dudu barang aneh. Wedang kang digawe saka jahe ditambahi kacang, roti tawar, kolang-kaling lan jenang glepung iku mirasani umpama diunjuk ing wayah wengi pas hawa krasa atis. Iline wedang ronde seka tutuk mudhun liwat gulu tekan dhadha terus nang weteng krasa ngangetake. Pedhes, legi, anget campur dadi siji gawe segere awak.

Wedang kaya mangkono, ing tlatah Tangerang kene bisa dipadhakake karo sekoteng. Dhek jaman kuliah, aku ya kerep tuku sekoteng menawa ana bakul sekoteng sing liwat ngarep kontrakan. Sakiki aku ora nate tuku sekoteng maneh. Ora usah tuku sekoteng kanggo gawe angete awak awit ing Citra Raya Tangerang sakiki wis ana warung wedang ronde. Bakule ora liya Pak Wandono kang manggon ing Graha Sevilla, Citra Raya Tangerang.

Wedang ronde Pak Wandono rasane manteb. Pedhese lan legine pas. Jahe dibakar dhisik sakdurunge digodhog digawe wedang. Wis ta, para kadang boro ing tlatah Tangerang ora susah bali ing njawa menawa arep ngunjuk wedang ronde. Cukup dolan ing Citra Raya Tangerang lan goleki wae warung wedang ronde Pak Wandono kang dibukak saben Senin tekan Setu bengi ing ngarep Taman Picasso, Citra Raya Tangerang.

Panjenengan mesthi ilang kangene karo wedang asli Jawa Tengah iku. Wis, monggo dipadosi.

Jumat, 09 April 2010

Nginep Nang Hotel Avanza

Aku yakin menawa Sampeyan durung tahu nginep nang Hotel Avanza. Mbokmanawa ana sing uwis tahu ning dak kira langka anane.
Hotel Avanza. Sakjane dudu hotel ning mobil Toyota Avanza. Dak arani Hotel Avanza awit aku lan kulawargaku nate turu neng sakjerone Avanza ana ing tlatah Limbangan, Garut, nalika arep bali saka Sleman menyang Tangerang ngliwati Bandung.
image
Avanza sing daksupiri mbledhos selang radiatore merga kepanasen. Le mbledhos kaping pindho. Mbledhos sepisanan sakdurunge Limbangan pas ana ing unggah-unggahan kang rada dhuwur. Kahanan rada macet. Aku wis rada kuwatir menangi dom ukuran panas nandhakake yen mesin panas banget. Nanging wektu iku mobil pas neng unggah-unggagan. Aku nyoba supaya mobil isa ngliwati unggah-unggahan lan leren sakuwise dalan miringe mudhun. Nanging, kurang sethitik saka pucuke unggah-unggahan krungu swara mbledhos lan dumadakan mobil ora ana tenagane. Gage rem tangan dak tarik nuli kap dak bukak. Langit wis peteng merga maghrib wis tekan. Aku ora weruh selang ucul.