Kamis, 29 April 2010

Kurang 3,87 Dolar

kurang-3,87 dolar
Sakliyane kanggo golek warta, kaweruhan utawa ngeblog, aku uga wis rada suwe melu manpangatake internet kanggo golek dhuwit. Sarana kanggo golek dhuwit saka internet sing dakeloni pisanan yaiku Google Adsense.
Sakdurunge donya nemoni krisis ekonomi sakjagad tahun 2008, saben rong sasi aku isa nampa cek saka Google Adsense. Nanging, sakuwise ana krisis ekonomi, pametu saka Google Adsense mudhun nganti tekan ing dhasaran. Aja maneh bayaran saben rong sasi, golek sesasi 20 dolar wae aku angel. Yen daketung-etung, nganti 6 sasi aku nembe entuk bayaran saka Google Adsense sing dikirim liwat Western Union. Bayaran sing keri dhewe iku daktukokake omah-omahan anak-anakan (boneka) barbie sebab dhenok kepingin omah-omahan barbie kaya duweke kancane. Bayaran keri dhewe iku daktampa wulan siji. Sakiki wulan kaping papat lan aku durung nampa bayar maneh.

Bayaran saka Google Adsense nembe dikirim upama wis genep sak sithik-sithike 100 dolar. Sing gawe aku rada nggondhuk ora liya mung perkara dolar cacahe 3,87 sing kudu dak goleki nganti sesuk. Umpama nganti pungkasaning sasi kaping papat iki aku bisa nglumpukake 100 dolar, sasi kaping lima aku nembe nampa kiriman. Sakjerone sewulan Google Adsense nggunggung data saka kabeh anggota lan misah-misahake sing wis pantes bayaran karo sing durung pantes bayaran. Wetara dina kaping selawe ing wulan sakcandhake, bayaran dikirim. Arepa ora akeh, rasane nikmat tenan nampa bayaran saka Google Adsense. Paling ora, aku bisa manpangatake internet kanggo babagan kang migunani. Golek dhuwit iku migunani banget tumrape wong duwe butuh. Bener ta?
Aku mau nembe wae tuku ebook kang judhule Adsense Weapons. Ebook durung diundhuh merga durung ana jawaban saka sing dodol. Olehku tuku ebook iku kanggo nambah kaweruhan babagan cara golek dolar kang akeh saka Google Adsense. Suk emben menawa kitabe wus dakwaca lan dakpraktekake, Sampeyan kabeh bakal dakcaritani hasile. Sakiki cukup sakmene dhisik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar