Rabu, 19 Agustus 2009

Pengetan Kaping 64 Dina Kamardhikan Indonesia

Pengetan kaping 64 dina kamardhikan Indonesia wus rampung dilakoni dening kabeh warga nuswantara. Pengetan kang kudu disokuri ngelingi kahanan ekonomi nagara kang isih mrihatinake nanging ora ngilangake gregete para kawula nganakake acara kanggo mengeti dina kamardhikan Indonesia, kamardhikane bangsa lan nagara kita.

Aku percaya menawa ora kabeh warga bangsa melu ambyur ing rasa gumbira. Ana sanak kadang kang amarga kahanane ora bisa melu bungah. Nanging, ana uga kang ora melu bungah merga kelangan rasa handarbeni tumraping bangsa. Wong-wong pinter njenengi wong kang kaya ngono iku apatis. Wong kang wus kelangan rasa. Sokur dene wong kang padha apatis iku cacahe ora akeh. Isih akeh wong kang nduweni rasa tresna marang bangsa lan nagara.

Awake dhewe mesthi durung lali marang kadaden ing Gedhong DPR/MPR nalika Presiden RI arep macakake Pidato Kenegaraan ndhisiki pengetan dina kamardhikan. Para manungsa kang dhahar kinurmatan ing gedhong para wakil rakyat kahe lali nembangake Lagu Kebangsaan Indonesia Raya. Kadaden kang ora bisa lan ora entuk dilalekake merga kadaden kang ngisin-ngisini kahe ora pantes kadaden. Runtutane acara kang wus kawit biyen dilaksanakake saben tahun mosok iya bisa nganti kelalen ing palaksanakane. Opo tumon?

Sakiki, pengetan dina kamardhikan wus rampung. Nanging, aku pesen kango para kadang kabeh, gendera kang dipasang ing ngarep omah Panjenengan kabeh aja kesusu didhunke. Mengko wae menawa tanggal 31 Agustus 2009 sore gendera ing ngarep omah agi dipulung supaya genep sewulan anggone pasang gendera kanggo mengeti dina kamardhikane bangsa lan nagara kita kabeh.

Kamis, 06 Agustus 2009

WS Rendra Tilar Donya

Kemis bengi kala wingi, siji maneh wong penting ing nuswantara tutup yuswa. WS Rendra, seniman lan budayawan kang kondhang diparabi Si Burung Merak tilar donya. Ora suwe saka kondure Mbah Surip.

WS Rendra duwe penyakit jantung. Sakdurunge dipundhut Gusti Allah, WS Rendra mondhok ing rumah sakit. Yuswane Rendra nalika seda wis kalebu sepuh, 74 tahun.

Aku duwe gambar nalika ketemu panjenengane ing acara konferensi pers film Lari Dari Blora tahun 2007. WS Rendra salah siji saka wong sing dak anggep penting ing nuswantara sing dak jaluk potret bareng. Salah sijine yaiku almarhum Jenderal Djatikusumo. Aku pancen ora pati seneng potret bareng wong kang kawentar asmane.

Muga-muga Gusti Allah paring panggonan kang apik kanggo WS Rendra.

Selasa, 04 Agustus 2009

Mbah Surip Tutup Yuswa

Umur manungsa iku wewadine Pengeran. Menawa Pengeran wis mesthekake, ora ana siji-sijiya manungsa kan bisa selak. Ora ana manungsa kan bisa ngindhani timbalane Gusti Allah. Sapa wae, agi ngapa wae, menawa Gusti Allah nimbali, mesthi ya langsung tilar donya.

Pati sok-sok dadi warta kang ngaget-ngageti. Wong kang ketok sehat, bergas waras, ujug-ujug isa mati. Sing krungu wartane ya mesthi kaget. Kagete kerepe ya nganti setengah mati.

Tuladha warta pati kang ngaget-ngageti yaiku patine Mbah Surip. Seniman tukang nembang kang mumbul jenenge merga tembang Tak Gendong iku wis ora ana wanci pukul setengah sewelas awan mau (Selasa, 4 Agustus 2009). Mbah Surip kober digawa menyang rumah sakit Pusdikkes Jakarta Timur nanging kandhane Mbah Surip wis ora ana sadurunge tekan rumah sakit. Jare maneh, tutuke Mbah Surip ana umpluke sadurunge tekan rumah sakit. Apa Mbah Surip kena serangan jantung? Nganti sakiki durung ana warta kang pesthi.

Sadurunge tilar Mbah Surip sing bendinane urip prasaja iku wis ngasilake dhuwit milyaran gelo saka tembange Tak Gendong sing dadi RBT favorit. Muga-muga ahli warise isa sabar lan ikhlas nampa kersane Gusti Allah.

Sabtu, 01 Agustus 2009

Kitab Telu Diwedhar Bakda Maghrib

Para cantrik padhepokan ADBM ketiban bebungah. Para sesepuh padhepokan ora tanggung-tanggung medhar kitab Api di Bukit Menoreh kanggo kanca malem minggon. Kitab telu, yaiku kitab 317, 318 lan 319 diwedhar tanpa kuwatir para cantrik arep kentekan wektu kanggo maca.

Aku kang kaetung isih cantrik anyar ing padhepokan ADBM ya melu bungah. Arepa cantrik anyar, nanging aku wis bisa ngoyak para cantrik lawas anggone nampa kitab saka sesepuh padhepokan. Upamane rong minggu kepungkur aku isih kenther saka para kadang cantrik, nanging sakiki aku wis bisa antri bareng nunggu kitab.

Kanggo para kadang sing durung melu dadi cantrik padhepokan ADBM, dak kandhani menawa para kadang ora bakal tuna dadi cantrik. Pada kadang bisa maos kitab Api di Bukit Menoreh, carita agung saka bumi nuswantara. Carita kang apik lan kaetung maestro-ne Ki SH Mintarja.

Monggo sami-sami maos cariyos ingkang ngedap-edabi punika.