Minggu, 06 September 2009

Flexi Unlimited Mak Nyussss…

image
Urip ana ing panggonan kang durung katekan mawerna-werna akses internet bisa gawe sirah cekot-cekot, ngelu. Lah, kepriye ora ngelu yen ndelok tivi ana iklan sing ngandhakake menawa internet wus teka. Panjengengan kabeh mesthi kemutan karo iklan tivi sing nggambarake kahanan wong ndeso kang padha ribut sebab internet arep teka. Kabeh uwong ngandhakake menawa internet arep teka. Jebule, internet tekane ana ing klurahan!
Kalebu manungsa kang pengin bisa bebarengan karo kanca-kanca liyane ing babagan manpangatake teknologi, aku ya pengin bisa sambung karo internet. Nanging, sesambungan karo internet jebul larang tenan biayane. Sing murah durung tekan panggonanku. Speedy durung. Fastnet ya durung. Arep nganggo Telkomnet Instan ora bisa sebab modem rusak. Sing biasane dak enggo nyambung internet yaiku blackberry. Piranti gegem sing jenenge blackberry pancen nggampangake kanggo tetampan surat elektronik utawa ngayari internet ana ing piranti gegem kuwi dhewe. Upama arep didadekake modem kanggo nyambungke komputer neng internet, kudu duwe blackberry kang bisa kanggo thether modem. Sakliyane kuwi, durung mesthi operator sing dilanggani bisa nglayani. Mula kuwi, arepa blackberry bisa kanggo internetan, sok-sok rasane ya kurang manteb.