Minggu, 06 September 2009

Flexi Unlimited Mak Nyussss…

image
Urip ana ing panggonan kang durung katekan mawerna-werna akses internet bisa gawe sirah cekot-cekot, ngelu. Lah, kepriye ora ngelu yen ndelok tivi ana iklan sing ngandhakake menawa internet wus teka. Panjengengan kabeh mesthi kemutan karo iklan tivi sing nggambarake kahanan wong ndeso kang padha ribut sebab internet arep teka. Kabeh uwong ngandhakake menawa internet arep teka. Jebule, internet tekane ana ing klurahan!
Kalebu manungsa kang pengin bisa bebarengan karo kanca-kanca liyane ing babagan manpangatake teknologi, aku ya pengin bisa sambung karo internet. Nanging, sesambungan karo internet jebul larang tenan biayane. Sing murah durung tekan panggonanku. Speedy durung. Fastnet ya durung. Arep nganggo Telkomnet Instan ora bisa sebab modem rusak. Sing biasane dak enggo nyambung internet yaiku blackberry. Piranti gegem sing jenenge blackberry pancen nggampangake kanggo tetampan surat elektronik utawa ngayari internet ana ing piranti gegem kuwi dhewe. Upama arep didadekake modem kanggo nyambungke komputer neng internet, kudu duwe blackberry kang bisa kanggo thether modem. Sakliyane kuwi, durung mesthi operator sing dilanggani bisa nglayani. Mula kuwi, arepa blackberry bisa kanggo internetan, sok-sok rasane ya kurang manteb.

Sakiki aku wus duwe dalan apik kanggo internetan. Kanggo ngancani blackberry aku sawektu-wektu manpangatake Telkomnet@Flexi. Larange ora jamak. Upama data sing diundhuh akeh, mbayare ya akeh. Bar kuwi aku dikandhani menawa ana Flexi Time. Regane 100 rupiah saben menit. Lumayan. Rada murah tinimbang Telkomnet@flexi.
Eeee… jebule ana sing luwih murah maneh. Flexi Unlimited! Layanan anyar saka Telkom Flexi sing iki murah tenan. Awake dhewe bisa nyambung internet sakbosene lan sakkesele. Regane mung 2500 rupiah saben dina, utawa 15000 rupiah saben minggune. Blaik tenan! Tujokna aku cepet entuk warta babagan Flexi Unlimited kuwi. Flexi Unlimited artine Flexi tanpa wates. Wates wektu utawa wates gunggungane data sing diundhuh.
Para sederek, Flexi Unlimited iku pancen mak nyus tenan. Aku wus nganggo layanan paling anyar saka Flexi iku rong minggunan. Jan marem tenan. Upamane nganggo Flexi Time, sak jam bisa ngentekake nem ewu rupiah. Nanging, nganggo Flexi Unlimited, awake dhewe mung mbayar rong ewu limangatus rupiah. Coba, sapa sing ora bungah nemoni kanyatan kaya mangkono?
Nanging Para Kadang, menawa Panjenengan arep nganggo Flexi Unlimited, supanya bisa mak nyus, Panjenengan le sesambungan karo internet sak uwise wayah wengi. Ing wayah iku, donya wus sepi nyenyet. Sing maune padha nyambung internet wus padha turu. Dadine, dalane sing kanggo nyambung internet sing disedhiakake Flexi Unlimited sing liwat mung sithik. Mbok manawa mung aku karo Panjenengan thok. Mula, sale ngalyari internet bisa banter.
Carane daftar Flexi Unlimited, kirim sms isine REG HARIAN utawa REG MINGGUAN neng nomer 2255 saka nomer flexi. Panjenengan terus dikirimi username lan password kanggo nyambung internet ing nomer #777.
Monggo sami dipun cobi. Kagem dalem piyambak, Flexi Unlimited punika mak nyus sanget.

7 komentar:

  1. halah promosi toh, btw kcepatane piro??

    BalasHapus
  2. salam. makasih dah kunjungi blogku...
    kang kombor, kalo mo investasi bisa mulai dari yang kecil dulu kang, di Bursa Efek Indonesia masih banyak saham yang harga per lembarnya di bawah Rp. 200 (1 lot cuma Rp.100 ribu) tapi punya potensi yang bagus..sebagai contoh, tahun 2003 harga saham BUMI masih Rp. 20/per lembar (1 lot = 10.000 perak), jarang ada yang lirik tuh .. Aburizal bakrie pegang saham ini sejak harga 20 perakan, tahukah Anda bahwa tahun 2008 harga saham BUMI sempat menyentuh 8750, ini berarti dalam jangka waktu 5 tahun, saham ini memberi keuntungan sekitar 438 kali lipat atau 43.800 % dalam lima tahun..just my humble opinion. thanks for visiting my simple blog

    BalasHapus
  3. Lemot iya toh....

    BalasHapus
  4. Lemot = lambat = sabar ----- > jadilah orang sabar

    BalasHapus
  5. humas telkom wil 00VII23 September 2009 pukul 12.11

    unlimited @free itu susah connect and lemot, ya laen donk sama time /volume based makanya ta kasi murah... wajar kalo murah itu banyak kurangnya. (katanya begitu, mudah mudahan begitu kata telkom)

    BalasHapus
  6. Yen disambungi wis turu, arep nyambung karo sapa, Kang Kombor?

    BalasHapus
  7. yen aku seng manggon ng ndeso, yo mumet yen gak ono warnet, coz urung duwe blackbery, larang regane, aku ga duwe duit, makane ajare gawe adsense, gen iso golek duit akeh, kang. yen duwe blackbery kan iso nganggo flexy.

    BalasHapus