Jumat, 09 April 2010

Nginep Nang Hotel Avanza

Aku yakin menawa Sampeyan durung tahu nginep nang Hotel Avanza. Mbokmanawa ana sing uwis tahu ning dak kira langka anane.
Hotel Avanza. Sakjane dudu hotel ning mobil Toyota Avanza. Dak arani Hotel Avanza awit aku lan kulawargaku nate turu neng sakjerone Avanza ana ing tlatah Limbangan, Garut, nalika arep bali saka Sleman menyang Tangerang ngliwati Bandung.
image
Avanza sing daksupiri mbledhos selang radiatore merga kepanasen. Le mbledhos kaping pindho. Mbledhos sepisanan sakdurunge Limbangan pas ana ing unggah-unggahan kang rada dhuwur. Kahanan rada macet. Aku wis rada kuwatir menangi dom ukuran panas nandhakake yen mesin panas banget. Nanging wektu iku mobil pas neng unggah-unggagan. Aku nyoba supaya mobil isa ngliwati unggah-unggahan lan leren sakuwise dalan miringe mudhun. Nanging, kurang sethitik saka pucuke unggah-unggahan krungu swara mbledhos lan dumadakan mobil ora ana tenagane. Gage rem tangan dak tarik nuli kap dak bukak. Langit wis peteng merga maghrib wis tekan. Aku ora weruh selang ucul.

Tujokna ana wong kang sok nyenteri truk kang padha liwat unggah-unggahan. Aku njaluk tulung supaya digolekake banyu kanggo ngisi radiator. Wus entek patang botol aqua sing seliteran ning radiator ora kebak-kebak. Bareng dak tiliki longan mobil, banyu mili kaya kali neng ngisor mobil. “Wah,… apa radiatore bocor?” pikirku. Aku nuli takon apa ana katrol sakcerake panggonan mobil mogok. Tukang senter truk kandha menawa ora pati adoh ana katrol. Aku nuli njaluk tulung supaya dicelukake katrol kanggo narik mobil sing dak gawa.
Kurang luwih setengah jam mobil katrol teka. Mobil Toyota Land Cruiser kang kelire abang. Jebul ana bingkil sing duwe katrol lan isih bukak. Avanza sing mogok nuli dikatrol menyang bengkel. Nang bengkel agi ketok menawa selang radiator pecah merga ora kuwat nglawan panase mesin. Aku njaluk selang dilukar.
Bar selang diganti aku nerusake laku kanthi donga muga-muga isa slamet tekan Tangerang. Jebule, bar liwat pasar Limbangan krungu swara mbledhos maneh. Kahana wis peteng. Wis tabuh sanga wengi. Ibune bocah dak kongkon nyupiri mobil. Aku dhewe nyurung mobil supaya rada minggir. Tujokna sisih tengen ana warung kang bukak 24 jam. Dak delok ana wong saka warung kang nekani aku lan ngrewangi nyurung mobil kang dak jaluk diparkir wae nang ngarep warung. Kahanan udan lumayan deres. Ibune bocah pesen teh anget loro. Adhi ipe karo anak dha turu neng jero mobil. Menangi kahanan, aku mutuske menawa bengi iku aku lan kulawarga nginep neng pinggir dalan. Neng ngarep warung. Neng Hotel Avanza.
Cendhaking carita, aku lan kulawarga ngentekake wektu rong dina rong bengi kanggo bali saka Sleman menyang Tangerang ngliwati Bandung. Tekan Tangerang mobil gage mlebu bingkil. Medhun mesin.
Oalah, tujokna Gusti Allah paring sabar.
(Gambar saka kene)

4 komentar:

  1. Biyuh-biyuh critane apik tenan kuwi, bisa kanggo dedongengan anak putu yen kang Kombor besuk wis dadi eyang.Kenalaken kula mbah Pur, mangga pinarak gubuk kula.

    BalasHapus
  2. Kang Kombor, niku pendidikan tumrap kulawarga supados raos gotong royong tetep gesang. Kinten-kinten ngoten kang Kombor.

    BalasHapus
  3. Waduh, mantap tenan ceritane. Aku ora ngerti kabeh, lha aku iki wong sundo..hehehe.. matur nuwun Kang Kombor, kulo iso belajar boso jowo neng kene..

    BalasHapus
  4. @mawaradi:
    Matursuwun, Mbah Pur. Leres punapa minangka dados pamanggih Mbah Pur.

    @Pak Ugeng:
    Nun inggih, Pak Ugeng. Dalem sarujuk dumateng Panjenengan.

    @Kang Iwan:
    Bisa sinau Basa Jawa ing Jogja ta, Kang. Wong sakiki manggon Jogja.

    BalasHapus