Senin, 26 April 2010

Ora Kudu Bali Sleman Kanggo Ngicipi Wedang Ronde

Kanggone wong asli Sleman kaya aku, wedang ronde dudu barang aneh. Wedang kang digawe saka jahe ditambahi kacang, roti tawar, kolang-kaling lan jenang glepung iku mirasani umpama diunjuk ing wayah wengi pas hawa krasa atis. Iline wedang ronde seka tutuk mudhun liwat gulu tekan dhadha terus nang weteng krasa ngangetake. Pedhes, legi, anget campur dadi siji gawe segere awak.

Wedang kaya mangkono, ing tlatah Tangerang kene bisa dipadhakake karo sekoteng. Dhek jaman kuliah, aku ya kerep tuku sekoteng menawa ana bakul sekoteng sing liwat ngarep kontrakan. Sakiki aku ora nate tuku sekoteng maneh. Ora usah tuku sekoteng kanggo gawe angete awak awit ing Citra Raya Tangerang sakiki wis ana warung wedang ronde. Bakule ora liya Pak Wandono kang manggon ing Graha Sevilla, Citra Raya Tangerang.

Wedang ronde Pak Wandono rasane manteb. Pedhese lan legine pas. Jahe dibakar dhisik sakdurunge digodhog digawe wedang. Wis ta, para kadang boro ing tlatah Tangerang ora susah bali ing njawa menawa arep ngunjuk wedang ronde. Cukup dolan ing Citra Raya Tangerang lan goleki wae warung wedang ronde Pak Wandono kang dibukak saben Senin tekan Setu bengi ing ngarep Taman Picasso, Citra Raya Tangerang.

Panjenengan mesthi ilang kangene karo wedang asli Jawa Tengah iku. Wis, monggo dipadosi.

2 komentar:

  1. jangan salahnyebutnya pak... angetnya wedang RONDE yo... bukan R*ND* ... sip... minuman favorit Sarimin juga ni kang... :)

    BalasHapus
  2. Kang Kombor, kula langsung ngulu idu mawon. Apa maneh ditambahi kang Sarimin ....waaaah.

    BalasHapus