Rabu, 19 Agustus 2009

Pengetan Kaping 64 Dina Kamardhikan Indonesia

Pengetan kaping 64 dina kamardhikan Indonesia wus rampung dilakoni dening kabeh warga nuswantara. Pengetan kang kudu disokuri ngelingi kahanan ekonomi nagara kang isih mrihatinake nanging ora ngilangake gregete para kawula nganakake acara kanggo mengeti dina kamardhikan Indonesia, kamardhikane bangsa lan nagara kita.

Aku percaya menawa ora kabeh warga bangsa melu ambyur ing rasa gumbira. Ana sanak kadang kang amarga kahanane ora bisa melu bungah. Nanging, ana uga kang ora melu bungah merga kelangan rasa handarbeni tumraping bangsa. Wong-wong pinter njenengi wong kang kaya ngono iku apatis. Wong kang wus kelangan rasa. Sokur dene wong kang padha apatis iku cacahe ora akeh. Isih akeh wong kang nduweni rasa tresna marang bangsa lan nagara.

Awake dhewe mesthi durung lali marang kadaden ing Gedhong DPR/MPR nalika Presiden RI arep macakake Pidato Kenegaraan ndhisiki pengetan dina kamardhikan. Para manungsa kang dhahar kinurmatan ing gedhong para wakil rakyat kahe lali nembangake Lagu Kebangsaan Indonesia Raya. Kadaden kang ora bisa lan ora entuk dilalekake merga kadaden kang ngisin-ngisini kahe ora pantes kadaden. Runtutane acara kang wus kawit biyen dilaksanakake saben tahun mosok iya bisa nganti kelalen ing palaksanakane. Opo tumon?

Sakiki, pengetan dina kamardhikan wus rampung. Nanging, aku pesen kango para kadang kabeh, gendera kang dipasang ing ngarep omah Panjenengan kabeh aja kesusu didhunke. Mengko wae menawa tanggal 31 Agustus 2009 sore gendera ing ngarep omah agi dipulung supaya genep sewulan anggone pasang gendera kanggo mengeti dina kamardhikane bangsa lan nagara kita kabeh.

2 komentar:

  1. Kula kok enget lelagon, murah sandhang pangan, seger kuwarasan, mugi-mugi lelagon kalawau saged kaleksanan lan saged dipun raosaken sedaya warga Indonesia, salam saking mbah Pur.

    BalasHapus
  2. aduh, sakmenika boso ne alus sanget, kula minder komen ing mriki.. hehe

    BalasHapus