Rabu, 05 Mei 2010

Tinggal Glanggang Colong Playu

Aku wong kang kuwasa ngatur artaning negara. Apa bae kang bakal dadi blanjane negara, aku sing wenang nyarujuki utawa ora nyarujuki. Akeh utawa sithik ora dadi perkara menawa aku wis nibakake ukara sarujuk. Sakwalike, sithik bakal dadi perkara manawa aku rumangsa dhuwit iku ora prenah ing tata.
Aku paling pinter babagan dhedhuwitane negara. Jaman para prajurit butuh gegaman anyar, aku ora sarujuk. Iki jaman susah, gaman anyar ora kudu dituku. Mula aja padha kaget menawa para prajurit kita sakiki sregep ndedonga awit sing bisa paring slamet ya mung Gusti kang Maha Kuwasa. Arep nggegadhang bedhile ora bisa merga bedhile kerep mejen. Arep nggegadhang monto mabure ora bisa merga montor mabur akeh sing ora bisa mabur. Arep nggegadhang prahu perang ora bisa awit prahu perang ora ana gamane. Wis, jarno wae. Sing penting dhuwit negara aman.

Nanging beda panduluku mring sawijing bale dhuwit kang arane Bale Dhuwit Abad. Bale dhuwit iku menangi perkara. Bale Dhuwit Abad kentekan dhuwit. Iku cilaka. Bale Dhuwit Abad kudu enggal dislametake. Umpama ora dislametake, perkara kang wektu iku mung ditandang Bale Dhuwit Abad bisa mrembet nyeret kabeh bale dhuwit lan bisa gawe ambruking ekonomi negara. Bale Dhuwit Abad dislametake nganggo dhuwit negara kang cacahe nenem koma pitu trilyun. Dhuwit kang ora sithik ning pantes kanggo nylametake donya bale dhuwit ing tlatah nuswantara.
Nanging, aku ketiwasan. Para wakil rakyat ora sarujuk marang upayaku nylametake Bale Dhuwit Abad. Para wakil rakyat gawe sawijining panitia khusus kanggo nyinau sisik melik perkara Bale Dhuwit Abad. Panitia khusus duwe pandulu menawa upaya nylametake Bale Dhuwit Abad iku kebak perkara. Wakil rakyat njaluk supaya aku medhun kursi, ninggalake pangkat Mantri Arta. Aku rumongso kawicaksanan kang dakjupuk kanggo nylametake Bale Dhuwit Abad uwis prenah. Mula aku wegah medhun kursi. Mung Gusti Prabu kang wenang narik pangkatku. Sakliyane iku ora ana kang wenang. Apa maneh, aku isih diperlokake negara iki kanggo ngatur dhedhuwitane nengara. Apa dadine negara iki menawa aku wus ora dadi Mantri Arta? Bisa-bisa pasar ora percaya marang negara lan bisa dadi sabab ambruking ekonomi. Aku tetep dadi Mantri Arta.
Eeee… ndilalah rejekiku. Ontran-ontran ing nuswantara babagan perkara Bale Dhuwit Abad durung tekan buntute nanging aku malah ditawani pangkat saka Bale Dhuwit Donya. Tanpa kakehan tetimbangan aku langsung nampa pangkat kang ditawakake. Pangkat ing Bale Dhuwit Donya.

2 komentar:

  1. apa kang ana ing donya kuwi pancen wis ginaris dening kang maha kuwasa. manungsa sak dremo isoh nyeyuwun lan dedonga...

    BalasHapus
  2. dadi wong cilik iku bisane mung ngelus dada,lan nyuwun kawelasan marang Gusti Allah kang akarya jagad.Muga-muga para pemimpin eling marang sankan paraning dumadi lan mertobat kanggo nulungi kawula alit kang uripe kacingkrangan.

    Yen or crita karo sapa........,yen ora crita tambah nelangsa.Wis.....bacutna dewe.......

    BalasHapus