Senin, 04 April 2011

Temon Karo Onjel

Para Kadang isih emut karo Onjel? Iku hlo, kanca SMPku sing wus wiwit 1993 ora nate pethuk. Nah, dhek dina Nga'ad 3 April 2011 kepungkur aku bisa ketemu karo Onjel aneng Blok M Plasa. Lehku ketemu Onjel bareng karo Nasip, ya kancaku SMP sing pedhukuhane mung sisih-sisihan karo Onjel.

Trio Jengki (1990 - 1993)

Onjel jan ora malih. Ya praupane. Ya eseme. Ya kulite sing ireng. Babar blas ora malih. Apa maneh malih putih, dadi soklat sawo mateng we ora. Tetep ireng.

Ireng pancen ireng. Iku mung kulite. Nanging atine Onjel putih tenan. Isih apikan kaya dhek jaman semana. Wong telu ketemu bareng ing Blok M Plasa, Onjel sing mbayar maeman sing dituku.


Dina Jemuwah kepungkur Onjel tilpun aku nanging aku ora kober njawab. Dina setu aku kelingan menawa wingi Onjel tilpun. Mula dina Setu aku tiplun Onjel. Jebul bocahe gek ana ing Jakarta. Ya uwis, aku langsung pesen kalodhangane Onjel supaya bisa ketemu barang sak jam tekan rong jam. Nasip gage daktiplun nanging ora diangkat. Kanggo gantine, Nasip dak-sms: "Sesuk ana acara ora? Kowe arep dakjak ketemu Onjel neng Blok M Plasa. Kowe kudu gelem. Dhewe wae numpak pit montor."

Dina Minggu udakara jam setengah rolas Nasip wus tekan omahku. Aku gek rapat karo kanca-kanca lan rencana budhal nemoni Onjel bakda Luhur. Mula Nasip ya melu rapat arepa ora dhong apa sing diudhar sajroning rapat. Hehehe... ora papa, Pak Dhe. Ngrungoake bae.

Nasip lan aku budhal bakda luhur. Tekan ing Blok M Plasa wus penthong 14:26 WIB. Onjel wus tekan Blok M Plasa sadurunge penthong 13. Awit agi sepisanan ing Blok M Plasa, Onjel mubeng-mubeng Blok M Plasa karo ngenteni Nasip lan aku tekan panggonan temon. Onjel ana ing lante 6 cedhak beskop 21. Nasip lan aku langsung njujug lante 6. Jan Onjel ora malih babar blas mula bisa langsung dikenali wektu weruh dedege.


Patemon wong telu ing Blok M Plasa dirampungi bakda maghrib. Onjel bali neng apartemen perusahaane, Nasip lan aku bali menyang Tangerang. Bungah rasaning ati bisa ketemu karo Onjel. Aku uga percaya menawa Nasip luwih bungah timbang aku merga lulus SMP bocah loro kuwi isih sok dhadhah-dhadhahan ing dalan pas pethukan. Nasip neruske ing STM I Sleman lan Onjel ing STM II Jetis. Aku dhewe sekolah ing Magelang.

Ing ngisor iki foto Nasip lan Onjel lan Onjel lan Aku. Muga-muga sesuk-sesuk isih bisa ketemu maneh.

Onjel lan Nasip

Aku lan Onjel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar