Rabu, 29 Juli 2009

Blog Basa Jawa

image

Wiwit dina iki, blog iki sing alamate ing www.kombor.net arep dak isi kiriman nganggo Basa Jawa. Timbang kakehan blog sing isine padha lan ngebak-ngebaki donya blog, muga-muga bisa kanggo nglestarekake Basa Jawa.

Aku nate ngeblog nganggo Basa Jawa neng kene. Nanging wayah iki aku kok krasa manteb yen blog iki sing kudu dak ingu lan tak basa jawani.

Wis kawit wingi niyat mbasa jawakake blog iki mletik ing atiku. Nanging agi sakiki aku isa njabani.

Muga-muga para kadang narablog ora padha kaget. Kudune, para kadang lan sanak sing cecaturan nganggo Basa Jawa malah padha bungah menangi babagan iki, ngeblog nganggo Basa Jawa.

Dak akoni menawa dudu aku dhewe sing ngeblog nganggo Basa Jawa. Kanca-kanca saka Ponorogo uga nulis nganggo Basa Jawa warokan ing www.kotareyog.com.

Ayo padha nguri-uri kabudhayan Jawi. Basa Jawa iku salah sijine budhaya kang kudu dilestarekake.

5 komentar:

  1. wah aku setuju klo ini pke bhsa jawa coz aku sndiri yg notabene lahir n tinggal di sby tapi nggak bisa bhasa jawa halus, bisanya kasar :(
    smangattttt bahasa jawa :D

    BalasHapus
  2. wakakakak...kang kombor ganti aliran to saiki.....nganggo boso jowo kemringet wkwkwkwk...kawulo menawi tiyang alit namung saget sarujuk kaliyan panemu panjenengan...mbok bilih mbenjang panjenengan saget nyerat kanthi coro jawi kromo alus

    BalasHapus
  3. Wah, kanthi senenging ati, kawula inggih sarujuk lan nyengkuyung blog menika dados blog basa jawi, margi kita sedaya ledah nguri uri budaya jawi ingkang sampun dangu dipun tinggal kaliyan nem neman lan piyantun sakniki.... wahahahah....
    seneng aku kang, yen blog iki ganti aliran. blog ku dewe wes suwe ora kopen.. marga kakehan ngurus sawah sak uplik, kanggo nyambung urip.

    BalasHapus
  4. @dunia polar:
    Sithik-sithik sinau Basa Jawa. Aku dhewe ya ora pati ngerti basa krama,Mas.

    @m4stono:
    Mugi-mugi mangkih dalem saged nyerat kanthi kromo inggil, Mas Tono. Nyuwun dunganipun kemawon.

    @atmo glendem:
    Matur sembah nuwun, Ki Atmo Glendem. Monggo blog basa jawinipun dipun rumat malih kagem ngrencangi kawula.

    BalasHapus
  5. Lha rak ngono ta Kang Kombor. Yen kabeh-kabeh nganggo basa Inggris, sapa sing nganggo basa Jawa. Rak ya ngono ta ? Ayo dak aturi pinarak menyang gubugku.

    BalasHapus