Aku wong kang kuwasa ngatur artaning negara. Apa bae kang bakal dadi blanjane negara, aku sing wenang nyarujuki utawa ora nyarujuki. Akeh utawa sithik ora dadi perkara menawa aku wis nibakake ukara sarujuk. Sakwalike, sithik bakal dadi perkara manawa aku rumangsa dhuwit iku ora prenah ing tata.
Aku paling pinter babagan dhedhuwitane negara. Jaman para prajurit butuh gegaman anyar, aku ora sarujuk. Iki jaman susah, gaman anyar ora kudu dituku. Mula aja padha kaget menawa para prajurit kita sakiki sregep ndedonga awit sing bisa paring slamet ya mung Gusti kang Maha Kuwasa. Arep nggegadhang bedhile ora bisa merga bedhile kerep mejen. Arep nggegadhang monto mabure ora bisa merga montor mabur akeh sing ora bisa mabur. Arep nggegadhang prahu perang ora bisa awit prahu perang ora ana gamane. Wis, jarno wae. Sing penting dhuwit negara aman.