
Sakliyane kanggo golek warta, kaweruhan utawa ngeblog, aku uga wis rada suwe melu manpangatake internet kanggo golek dhuwit. Sarana kanggo golek dhuwit saka internet sing dakeloni pisanan yaiku Google Adsense.
Sakdurunge donya nemoni krisis ekonomi sakjagad tahun 2008, saben rong sasi aku isa nampa cek saka Google Adsense. Nanging, sakuwise ana krisis ekonomi, pametu saka Google Adsense mudhun nganti tekan ing dhasaran. Aja maneh bayaran saben rong sasi, golek sesasi 20 dolar wae aku angel. Yen daketung-etung, nganti 6 sasi aku nembe entuk bayaran saka Google Adsense sing dikirim liwat Western Union. Bayaran sing keri dhewe iku daktukokake omah-omahan anak-anakan (boneka) barbie sebab dhenok kepingin omah-omahan barbie kaya duweke kancane. Bayaran keri dhewe iku daktampa wulan siji. Sakiki wulan kaping papat lan aku durung nampa bayar maneh.